Mengenal Aksara Jawa Prêlu Malêbu Alam Global

Mengenal Aksara Jawa Prêlu Malêbu Alam Global - Tahukah anda ? Bahasa jawa kuno sudah dipakai orang asli pribumi sejak tahun 700 silam. Bahasa jawa dijadikan sebagai bahasa khas untuk daerah Jawa Timur hingga sekarang.

Teks di bawah ini berbahasa jawa kuno !!

Carakan utawå aksårå Jåwå akèh tinêmu ånå ing Suråkartå lan Ngayogyåkartå.Aksårå Jåwå ngrênggani jênêng bangsal ånå ing Karatón, jênêng gêdhóng, jênêngruwangan, jênêng pasar, jênêng dalan, têtêngêr, hastånå, gapurå, sêsanti, lan liyå-liyané.

Ånå síng disandhingi karo aksårå latín, nangíng ånå ugå síng oradigandhèngi nganggo aksårå latín.Wujúd lan cakriké wêrnå-wêrnå yåkuwi: kandêl-tipisé, jêjêg-dhóyóngé, gêdhé-ciliké, pêsagi-bundêré, lêmu utåwå kuruné. Malahånå kaligrafi aksårå Jåwå ånå ing gambar Sêmar, Tógóg, busånå bathík lan liyå-liyané.

Buku-buku síng ditulís nganggo aksårå Jåwå ugå akèh tinêmu ånå ing muséúm-muséúm, kapustakan Karatón, Kapústakan Nasional, Arsip Nasional, lan ånå ing jagad pamulangan síng nggilut båså lan sastrå Jawa.Kajåbå såkå iku ugå tinêmuånå ing kapústakan Univêrsitas ing måncånagårå síng cacahé akèh bangêt.

Kabèh mau mujúdaké ¶artå kåyå¶ ing babagan båså, sastrå, lan budåyå Jåwå síngisíh ånå.Aksårå Jåwå dadi lambang jatidhiriné wóng Jåwå síng prêlu dipandêng, diuri-urilan dilêstarèkaké. 

Wêwatón sujarah síng ånå, aksårå Jåwå wús lumaku pirang- pirang abad kawiwitan såkå aksårå síng digunakaké ånå ing båså Jåwå Kunå, båsåKawi, båså Têngahan, lan Jåwå Anyar.Anané évolusi aksårå Jåwå kadayan såkåsastrå síng wús kawuri, yåkuwi sastrå Hindhu. 

Nganti wêktu iki, ånå pérangansíng isíh digunakaké yaiku aksårå ¶múrdå¶ síng mula bukané saka aksara Mahaprana síng pocapané nganggo abab síng mantêb.Karånå iku, måntrå síng túk-é såkå agåmå Hindhu ugå ndayani aksårå Jåwå síngdigunakaké. 

Évolusi aksårå Jåwå ora mandhêg nangíng têrús lumaku jumbúh karoobahíng jaman. Ånå pêrangan síng lêstari, nangíng ugå ånå pérangan síng ngalamiowah-owahan ing babagan cakrik, ukêlan, lan céngkók síng wujudé kåyå aksåråJåwå wêktu iki. Manåwå dijingglêng, aksårå Jåwå duwèni pamór síng éndah lanmrêbawani. 

Wêwatón buku Sêrat Sastrå Harjéndrå, aksårå Jåwå nduwèni filsafatsíng biså nuntún marang kawiryan lan kaluhuran.Aksårå Jåwå wêktu iki kênå diarani isíh lêstari nangíng akèh kawulå mudhå síngwús nyingkúr lan nglalèkaké.

Mengenal Aksara Jawa Prêlu Malêbu Alam Global

 

Ajining Raga Saka Busana, Ajining  Jiwa Ana Ing Lati, Tetep Eling Lan Waspodo !! yo rek..

 Sekedar mengingatkan, saran dan kritik anda bisa membantu situs/blog ini menjadi lebih berkembang. Jangan lupa tekan tombol like dan comment !!

Semoga Bermanfaat
Terima Kasih Atas Kunjungan Anda



Comments